KITAB PARARATON (4)

Sah sira Ken Angrok saking Kabalen, angungsi maring Turyyantapada, sira Mandhaleng Bapa. Siddhan ing dharma kancana. Sah sira Ken Angrok sakeng mandhaleng Bapa. Maring pradesa ring Tunggaran. Mora awilapa sira bhuyut ing Tunggaran, rinusuhan wong Tunggaran den ira Ken Angrok. Yata ingemban tang gho phala, sinalaken ing Mandhaleng Bpa. Dadi kapanggih anak ira bhuyut ing Tunggaran, ananem kacang ing pagagan.

Mangko ta ikang rare rinowang asanggama den ira Ken Angrok, alalamak kacang kakampilan; sangkan ing kacangTunggaran wiji akulimis agung agurih. Sah nira saking Tunggaran, amlih sira Mandhaleng Bapa, mwah ling ira[13a]Ken Angrok: ‘Yen isun dadya wong adhana, apirak, ring kaki Mandhaleng Bapa’.

Kawretta sira Ken Angrok ing nagara Daha. Yen arusuh, asenetan ing Turyyantapada, ingilangaken saking Daha, rinuruh den ing wong saking Daha. Lungha saking Mandhaleng Bapa, angungsi sira maring gunung Pusthaka. Sah nira saking rika, angungsi ring Limbehan, awilapa sira bhuyut ing Limbehan ingungsi de ira Ken Angrok.

Wekasan ananakthi sira Ken Angrok maring Rabut Kedhung Panithikan. [13a]Katuturunan sira Widdhi, kinon maraha maring Rabut Gunung Lajar, ring dina Buddha Ireng ing Warigadhyan. Sira para dewa ahum akukumpul. Mangkana ling Ra Ninikan, mapi angrowangana. Asenatana kita Bapa, tan hanan ing wruha. Mami ananapuha ring Gunung Lajar, sedhang ing Dewa ahum kabeh.

[13b] Mangkana ling Ra Nini ring Panithikan. Yata mara sira Ken Angrok ing Gunung Lajar, katekan pwa Buddha Ireng ing Warigadhyan, mara pwa sira ring pahoman. Yata menetan sira ring patuha, ingurugan suket den iraraning Panithikan.

Teher muni kang sapta swara. Genter pater lindhu ketug, kilat ali siyua aliwawar, hudan salah masa, tan pantara. Teja wangkasa, ndan samangkana sira angrengha sabdha tan pantara umwang gumuruh. Rasan ing uman ing watek Hyang, ikang angukuhanan ring nusa Jawa, ‘yaya adhi mandhala’. Mangkanan ling kang watek dewata kabeh. Sama hasa langgapan ujar: ‘Ndi kang yogya prabhwa ring nusa Jawa?’ Patakaon ing watek Hyang kabeh. Sumahur Sanghyang Guru: ‘Wruhan ta kabeh watak dewata. Hana si yugga mami manusa [14a] wijil ing wong Pangkur. Ika angukuh i bhumi Jawa.’ Samangka ta metu sira Ken Angrok saking patuhan. Katinghalan sira den ing watek Hyang. Sama kayogyan sang watek dewatha. Yata inastwaken sira Bhiseka Bhatara Guru.

Mangkana kastwan ira de sang watek dewatha asurak asanggaruhan. Winidhyan sira Ken Angrok kangkena bapa ring sang Brahmanamaka nama sira Dhanghyang Lohgawe, wahu teka saking Jambhudwipa. Kinen upapanggiha ring ta leka. Samangkana mulan ing brahmana hana ring wetan ing Kawi. Duk maring Jawa tan parahu, atampakan ron ing katatang telung pungkel. Mentas ira anuju pradesa ring Taloka. Midher sira Dhanghyang Lohgawe angulati sira Ken Angrok, lingira Dhanghyang Lohgawe: Hana rare adawa tangane. Kaliwat ing dekunge, tulise tangane tangan cakra, kang kiwa ngka. Harane [14b] Ken Angrok. Katon ing puja mami, dadin ira Bhatara Wisnu. Pawarah ri ngunin dhuk ing Jambhudwipa.

‘He Dhanghyang Lohgawe, wus mobho denta mujar ing Wisnu arcca. Mami tan hana ri ngkene. Ngong anjanma manusa ring Jawa. Kita tumutur eng mami haran ingong Angrok. Ulatana mami ring Kabotohan’. Tandwa sira Ken Angrok kapanggih ring Kabotohan. Winaspadhaken singgih kang katon ing puja den ira Dhanghyang Lohgawe. Tumuli sira tinanyan. Ling ira Dhanghyang Lohgawe: ‘Ingsun aku anak sira kaki. Ingsung rowang duhka nastapa. Sun wong ng saparan ira’.

Sah sira Ken Angrok saking Taloka, mara sira maring tumapel. Milu sira [15a] sang brahmana. Satekan ira ring Tumapel, amanggih kala desa, hati sira asesebhana ring sang akuwu ring Tumapel, haran sira Tunggul Ametung. Kapanggih sira sinebha.

Ling ira Tunggul Ametung: ‘Bhage ya pukulun sang brahmana. Saking pun endi [15a] sira anyar ka tangkilan?’ Sumahur sira Dhanghyang Lohgawe: ‘He kaki sang akuwu. Anyar saking sabrang ingsun. Hati asewaka ta maring sang akuwu ingsun kaki, lawan takon-takon ingsun anak puniki, ahyun sumewaka ring sang akuwu.’

Sumahur sira Tunggul Ametung: ‘Lah suka ingsung sira Dhanghyang. Yen sira santena wontena ring sira nak ira’. Mangkana ling ira Tunggul Ametung sang akuwu ring Tumapel.

Dadi hana bhujangga Boddha-sthapaka ring Panawijen, lumaku Mahayana. Atapa ring setran ing wong Panawijen, apuspatha sira Mpu Purwwa. Sira ta [15b] hana anaka stri tunggal duk dereng ira Mahayana. Atyanta ring lituhayun ing putrin ira, aharan Ken Dhedhes. Sira kawretta yan hayu, tan hana amadhani rupan ira yen sawetan ing Kawi. Kasub tekeng Tumapel, karungu den ira Tunggul Ametung. Tumuli sira Tunggul Ametung dhatang ing Panawijen anjujug maring dukuh ira Mpu Purwwa.
Kapanggih sira Ken Dhedhes, atyanta garjjitan ira Tunggul Ametung tummon ing rara hayu, katuju sira Mpu Purwwa tan hana ring patapan ira. Sa mangka ta Ken Dhedhes sinahasa, pinalayoken den ira Tunggul Ametung.

Bersambung ke bagian kelima
 
KITAB PARARATON (4) 9 Out Of 10 Based On 10 Ratings. 9 User Reviews.
Share 'KITAB PARARATON (4)' On ...

Ditulis oleh: Unknown - Senin, 30 Mei 2011

Belum ada komentar untuk "KITAB PARARATON (4)"

Posting Komentar

Tuliskan komentar anda yang sesuai dengan isi artikel di atas demi persahabatan sesama anak bangsa, namun jangan sekali-kali melakukan spam atau menempatkan link aktif pada komentar anda. Terima kasih.