Sahulih ira Mpu Purwwa saking paran, tan katemu sira nak ira. Sampun pinalayoken den ira Tunggul Ametung kuwu ring Tumapel, tan wruh ri kalingan ira. Yata sira Mpu Purwwa anibaken samaya tan rahayu, ling ira: ‘Lah kang amalayoken anak ingsun, moggha tan panutuga pamuktine, matya binahud [16a] anggris. Mangkana wong Panawijen, hasata pangangsone. Moggha tan metuwa banyune beji iki, dosane nora awara ring ingsun. Yen tan anak ingsun den walat ing wong.’ Mangkana ling ira Mpu Purwwa. Kalawan ta anak ingsun majaraken karma amamadhangi, anghing sot mami ring anak mami: ‘moggha anemwa rahayu, den agung bhagyane.’ Mangkana sot ira Mahayana ring Panawijen.
Satekan nira Ken Dedes ring Tumapel, sarowang sapaturon den ira Tunggul Ametung. Tan sipi sipi sih ira Tunggul Ametung. Wahu angidham sira Ken Dedes, dadi sira Tunggul Ametung akasukan acangkrama asomahan, maring taman Bhabhojji. Sira Ken Dedes anunggang i gilingan. Satekan ira ring taman, sira Ken Dedes tumurun saking padhati.
Katuhon pagawen ing widhi, kengis wetis ira, kengkab tekeng rahasiyan [16b] ira. Teher katon murub den ira Ken Angrok, kawengan sira tuminghal. Pitwi den ing hayun ira andhulu, tan hana madhan I kalituhayon. Kasmaran sira Ken Angrok. Tan wruh ring tingkah ira.
Sahulih ira Tunggul Ametung sakeng pacangkrama, sira Ken Angrok awarah ing sira Dhanghyang Lohgawe. Ling ira: ‘Bpa Dhanghyang. Hana wong istri murub rahasiyane. Punapa laksanan ing stri lamun mangkana? Yen hala rika? Yan rahayu? Ring kalaksanan ipun?’ Sumahur sira Dhanghyang: ‘Sapa iku kaki?’ Ling ira Ken Angrok: ‘Wonten bapa, wong wadon katinghalan rahasiyanepun den ingsun’. Ling ira Dhanghyang Lohgawe: ‘Yan hana stri mangkana kaki, iku stri Nareswari harane, adhi mukyan ing stri iku kaki. Yadyan wong [1a] papa angalapa ring wong wadon iku, dadi ratu.’ Meneng sira Ken Angrok. Ri wekasan angling: ‘ Bapa Dhanghyang. Kang murub rahasiyanipun puniku, rabin ira kuwu ring Tumapel. Lamun mangkana, manira bahudanggris si kuwu, kapasthi mati den manira. Lamun pakan ira angadhyani.’ Sahur ira Dhanghyang: ‘Mati bapa kaki Tunggul Ametung den ira? Anghing ta ingsun tan yogya yan angadhyanana ring kaharep ira, tan ulahan ing pandhita. Ahing an sakaharep ira!’ Ling ira Ken Angrok: ‘Lamun mangkana bapa, isun amit ing sira.’ Sumahur sang brahmana: ‘Maring pundhi ta sira kaki?’ Sumahur Ken Angrok: ‘Ingsun dating ing Karuman, wonten Bobotoh angangken weak ring ingsun haran sira Bango Samparan. Asih ring isun, punika isun tarinipun.’ Kadi angyagyanana ling ira Dhanghyang: ‘Rahayu yan mangkana.’
Sampun ta kekes ira alawas ing Karuman, ling ira Angrok: ‘Punapa [17b] karyyan isun alawasa?’ Sah sira Ken Angrok saking Tumapel, teka sireng Karuman. Kapanggih sira Bango Samparan: ‘Saking ndi ta weton ira, alawas tan mare ri sun?’ Kadi ring swapena isun atatemu lawan sira. Alawas temen den ira lungha’. Sumahur Ken Angrok: ‘Wonten ing Tumepel isun bapa. Amara sebha ring sira kuwu, sangkan isun maring sira, hana rabin ira kuwu, tumurun saking padhati kasingkab rahasiyane, katon murub den isun. Hana ta Brahmana anyar anga Jawa, anama sira Dhanghyang Lohgawe. Sira angaku weak ing isun. Isun takoni, punapa haran ing stri lamun murub rahasiyanipun? Ling ira sang [18a] brahmana: ‘uttama dahat istri lamun mangkana. Harane iku kang sinengguh stri Arddhanareswari ika. Sulaksana temen. Pun iku sing adrewe rabi katekan dadi ratu. Isun ta bapa Bango, kapengin dadya ratu. Kaharep isun, ki Tunggul Ametung isun patenane. Rabine isun halape. Malar bapa ranak ira dadiya ratu. Amalaku isun pangdhyana sira bapa Dhanghyang. Ujar sira sang Brahmana: ‘Kaki Anrok, an kawasa ring brahmana yen angajnyana ring wong alap rabin ing wong. Hingan sakaharep ira piambek’. Punika karana isun maring bapa Bango, amalaku adhyan adhyan ira bapa. Isun cidrane sira kuwu ring Tumapel. Wyakti mati den isun. Sumahur sira Bango Samparan: ‘Rahayu yan mangkana. Isun kaki angadhyani yen sira harep ambahudanggris ring sira [18b] Tunggul Ametung. Anghing ta kaki Angrok, sira kuwu ateguh. Manawi no tedas yen de ra sudhuka ring kris kurang yonine. Hana ta mitran isun apande ring Lulumbhang, haran Mpu Gandring. Yoni olihe gawe kris, nora hana wong ateguh de ne gagaweyane, tan amingron I lamun sinudhukaken. Ika konen akaryyaha duhung, yan huwus dadi kris, nggen ira anyidra ring ki Tunggul Ametung’. Mangkana wekas ira Bango Samparan ring Ken Angrok. Ling ira Ken Angrok: ‘Amit isun bapa, maring Lulumbhang’.
Sah sira saking Karuman, annuli maring Lulumbhang, atemu sira Gandring nambut karyya ring Gusali, rawuh Ken Angrok, tur atakona: ‘Iya sira bhaya haran Gandring?’ Lah reko isun pagawekena kris huwusa limang wulan. Aghata gawene den isun.’
Ling ira Mpu Gandring: ‘Sampun limang wulan punika? Lamun sira den ah[19a]yun den apenet, manawi satawun huwus! Enak rateng papalon ipun.’ Ling ira Ken Angrok: ‘Lah sarupane gugurindane. Anghing den huwus limang wulan.’
Sah Ken Angrok saking Lulumbhang, maring tumapel. Kapanggih sira Dhnghyang Lohgawe, atakon ing Ken Angrok: ‘ Paran sangkan ira alawas ing Karuman?’ Sumahur Ken Angrok: ‘Sumelang maring Lulumbhang manira bapa.’
Samangkana ta Ken Angrok kalawasa panganti ring Tumapel:huwus genep limang wulan, henget ing samayan ira yen akenken kris ring Ra Mpu Gandring. Mara sira maring Lulumbhang. Katemu sira Mpu Gandring agugurindha, anigasi papalampahan ira Ken Angrok kris. Lingira Ken Angrok: ‘Endi kenke[19b]nan isun ing kaki Gandring?’
Sumahur sira Gandri: ‘Singgih kang isun gurindha puniki kaki Angrok.’ Pinalaku tinghalan punang kris , den ira Ken Angkrok. Ling ira asemu bendhu: ‘Ah tan polih den isun akonkonan ing sira Gandring. Apan during huwus gugurindane kris iki lagi asebel. Iki kapo rupane kang de ra lawas limang wulan lawase. Apanas twas ira Ken Angrok. Dadi sinudukaken ing sira Gandring kris antuk ira Gandring agawe ika. Annuli pinrangaken ing Lumpang sela pambebekan gurindha, belah aparwa. Pinrangaken ing paron ira Gandring, belah apalih. Sa,angka sira Gandring angucap: ‘Kang amaten I ring sira tembe kris iku, anak putun ita mati dene kris iku, oleh ratu pipitu tembe kris iku amateni.’ Wus ira gandring angucap, mangkana mati sira Gandring.
Bersambung ke bagian keenam
KITAB PARARATON (5)
9 Out Of 10 Based On 10 Ratings. 9 User Reviews.
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori kakawin
dengan judul KITAB PARARATON (5). Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://bunga911.blogspot.com/2011/05/kitab-pararaton-5.html. Terima kasih!
Ditulis oleh:
Unknown - Senin, 30 Mei 2011
Kitab Pararaton .... yah kitab para datu ... silsilah raja-raja Jawa.
BalasHapus