KITAB PARARATON (6)

Samangkana ta arupa analahasa Ken Angrok patin ira Gandring. Ling ira [20a] Ken Angrok: ‘Lamun isun dadi wong, tumusa ring anak putune apandhe ring Lulumbhang.’

Teher amantuk sira Ken Angrok, maring Tumapel. Hana kakasih ira Tunggul Ametung, haran Kebo Ijo. Pa wong sanak asih sihan kalwan  Ken Angrok. Satinghal ira Kebo Ijo, ring sira Ken Angrok anungklang duhung anyar, awarangka anyar, adhnanganan cangkring katut rwin ipun tan pagagala, wungkul, areman sira Kebo Ijo mulat. Angucap ing Ken Angrok: ‘He kaka sun silihe kris ira iku.’ Sinungaken  den ira Ken Angrok, tumuli ingangge den ira Kebo Ijo, wet ing resep ira tumon.

Alawas ingangge den ira sapeksa. Yen sira Kebo Ijo anungklang duhung anyar. Moggha ta mangke duhung punika, pinalingan den ira Ken Angrok, kene dene amalingi.

Teher Ken Angrok, ring ratri annuli maring dalem pakuwon, duweg sirep ing wong. Katuwon den ira nulu ring widhi, annuli     pareng paturon ira Tunggul Ametung, tan pakawara lakun ira. Sinudhuk sira Tunggul Ametung, den ira Ken Angrok, trus pranan ira Tunggul Ametung. Mati kapisanan, I kris antuk ira Gandring, agawe kinatutaken minaha. Mangke huwus rahina. Kawaswasan duhung umandhem ing jajan ira Tunggul Ametung, tinenger den ing wong kang wruh, kris ira Kebo Ijo kalingane kang anyidra ring sira Tunggul Ametung. [21a] Apan sawyakti krise katut ing jajan ira sang akuwu ring Tumapel. Samangkana sira Kebo Ijo sinikep den ing kadhang warggan ira Tunggul Ametung tinewek ing kris anruk ira Gandring akaryya punika. Mati ki Kebo Ijo.

Hana ta anak ira Kebo Ijo, haran Mahisa Randhi. Alara patin ing bapa. Yata winilasan kinathik den ira Ken Angrok. Atyanta welas ira ring sira Mahisa Randhi. Moggha Hyang Dewa siran dandani, tuhu yan kraman ira Ken Angrok ring sira Ken Dedes, alama akakarepan. Tan hanan ing wong Tumapel wani angucapa satingkah polah ira Ken Angrok. Mangkana sakadang warggan ira Tunggul Ametung, meneng tan hana waniya ngucap. Yata apanggih Ken Angrok lawan  sira Ken Dedes, sampun ta sira abobot tigang lek, katinggal denira Tunggul Ametung kaworan den ira Ken Angrok. Atyanta den ira silih[21b] asih sira Ken Angrok lawan sira Ken Dedes.

Alawas papanggih ira, genep lek ing rare. Mijil anak ira Ken Dedes lanang, patutan ira Tunggul Ametung. Inaranan Sang Anusapati. Papanjin ira sang apanjiya nengah.

Alama sira patutan manih lawan sira Ken Angrok, mijil lanang haran Mahisa Wongateleng. Mwah hari den ira mahisa Wongateleng lanang haran Sang Apanji Saprang. Harin ira Panji Saprang lanang haran sira Aghnibhaya. Harin ira Ghnibhaya wadon, haran sira Dewi Rimbhu. Patpat suthanira Ken Angrok lawan Ken Dedes.

Hana ta bini ajin ira Ken Angrok anom, haran sira Ken Umang. Sira ta apatutan lanang haran sira Panji Tohjaya. Harin ira lanang haran sira Pan[21b]ji Sudhatu. Harin ira Panji Sudhatu lanang, haran sira Tuwan Wregola. Harin ira Tuwan Wregola stri haran sira Dewi Ramti. Kweh ing putra 9. lanang 7. wadon 2.

Telas purwwa wetan ing Kawi. Kaputer sawetan ing Kawi. Sama awedhi ri sira Ken Angrok, mahu ariwa riwa, ahyun angadhega ratu. Wong Tumapel sama suka yan Ken Angrok angadheg ratu, katuwon pan dulur ing widdhi, Sang Ratu ring Daha Siraji Dangdhang Gendhis angandika ring para Bhujangga sahaneng Deha, ling ira: ‘He kita para bhujangga siwa soghata, paran sangkan ira nora anembah ring isun? Apan isun saksat Bhatara Guru’.  Sumahur para bhujangga sakapasuk ing nagareng Kadhiri: ‘Pukulun tan wonten ing kuna kuna bhujangga anembah ring ratu’, mangkana linging bhujangga kabeh. Ling ira [22b]ji Dhangdhang Gendhis: ‘Lah Manawa kang kina kina nora anembah. Kang mangko ta isun sembahen den ira! Manawa sira tan wrh ing kasaktin isun, mangke sun weh I pangawyakti.’

Mangko ta siraji Dhangdhang Gendhis ngadekaken tumbak. Landheyan ipun tinancepaken ing lemah. Sira ta alinggih ri pucuk ing tumbak. Tur angandhika: ‘Lah para bhujangga, delengen kasaktin isun!’  Sira ta katona acaturbhuja, atri nayana, saksat bhatara Guru rupanira. Winidhi anembaha para bhujangga sakapasuk ing Deha.

Sama tan harep anembaha. Tur padha angungsi maring Tumapel, asewa ring [22b] Ken Angrok. Samangka mulan ing Tumapel tan ahidep ing nagareng Deha. Tumuli sira Ken Angrok kinastwaken prabhu ring Tumapel. Haran ing nagara Singhasari, abhisekan ira Sri Rajasa Bhatara Sang Amurwwa [23a] Bhumi. 

Ingastriyan den ing Bhujangga Sewa Soghata kang saking Deha. Makadhi sira Dhanghyang Lohgawe, sira Asangkapani. Kunang kang asih awelas ring sira Ken Angrok ing kina, dhuk sira sedhang kasiasih, padha ingundhang kabeh, tinulung denira winales pawilasane. Makadhi sira Bango Samparan, tan ucapen sira Mandhala ring Turyyantapada. Lawan ta nak ing apandhe wesi ring Lulumbhang haran Mpu Gandring, satus e apandhya ring Lulumbhang, luput eng saharik purih, satampak ing walukune, wadhung, pacule, hana anake Ki Kebo Ijo, den padha kawawenangane lawan anake Mpu Gandring. Anak ira bapa Dhanghyang haran Wangbhang Saddha, patutan ira lawana wong Wisnu, tamokena kalawan anak ira bapa Bango haran Cucupu Ranti. Mangkana rasan[23b]ing andhika Sang Amurwwabhumi, atyanta krettan ing nagara ring Singhasari, pari purna, nir wighna.

Bersambung ke bagian ketujuh

KITAB PARARATON (6) 9 Out Of 10 Based On 10 Ratings. 9 User Reviews.
Share 'KITAB PARARATON (6)' On ...

Ditulis oleh: Unknown - Senin, 30 Mei 2011

Belum ada komentar untuk "KITAB PARARATON (6)"

Posting Komentar

Tuliskan komentar anda yang sesuai dengan isi artikel di atas demi persahabatan sesama anak bangsa, namun jangan sekali-kali melakukan spam atau menempatkan link aktif pada komentar anda. Terima kasih.