Tampilkan posting dengan label kakawin. Tampilkan semua posting
Tampilkan posting dengan label kakawin. Tampilkan semua posting

KITAB PARARATON (10)

Samangka Raden Wijaya adhum lancingan giringsing, ring kawulan ira sawiji sowang. Ahyun sira angamuka, kang dhinuman, Sira Sora, Sira Rangga Lawe, Sira Podhang, Sira Dangdhi, Sira gajah.

Sira Sora anempuh, akeh long ing wong Deha, atur ira Sora: ‘Mangke pangeran pakan ira nempuha. Kadesan ipun mangke.’ Anempuh Raden Wijaya, mangkin akeh long ing wong Deha, tur mundhur, kahalangan wengi. Tumuli akukuwu [34b] sedang sirep ing wong. Tinut ingamuk manih den ira Raden Wijaya. Samangka bubar wong Deha,  akeh wong kena ring tumbak ing sama rowang ipun. Ariduh awor pajenging wong Deha.

Wanten ta putrin ira Bhatara Siwa Buddha sama istri kalih siki, jaga panggihakena lawan Raden Wijaya den ira Bhatara Siwa Buddha. Kalih sira kajarah dening wong Deha. Sahaden  ing stri sira sanh anom apinah lawan sira sang panuha, tan tunggal paran ira malajeng. Wet ing Deha tar idhu den ing pangamuk ira raden Wijaya kalaning wengi. Wonten ta baleman ing wong Deha, murub ageng murub ipun, kapanggih den ira stri panuha irika. Katinghalan sira den ira Raden Wijaya, henget yan raden yayi stri panuha …….tak terbaca… Raden Wijaya, tur angandika ring sira [35a] Sora: ‘Lahwa angungsed kang amuk manih, palar katemuwa yayi sira sang nom!’ Matur sira Sora: ‘Sampun dewa, apan siraji pakan ira panuha sampun kapanggih, pira si katah ing kawula pakan ira kipugi?’ Sahur ira Raden Wijaya: ‘Iya den ira iku.’ Samangka sira Sora matur manih: ‘Duweg pukulun, pakan ira mundura. Apan yan amaksakena, angamuk, pirantuka? Laheng lamun sira rayi pakan ira anom Kapanggih, yen tan kapanggih, kadi lalaron anggepok dhamar.’ Samangka sira mundur. Rahaden yayi stri sira ing amban, saratri sira lumaku mangalor. Esuk sira tinututan den ing wong Deha, katututan sira kidul ing Talaga Pager. Wong ira sama aganti angareni [35b] aprang angandheg ing wong Deha.

Sira Gajah Pagon katumpak pupune trus, anghing kawasa lumaku. Andhikan ira raden Wijaya: Gajah pagon kawasa sira lumaku? Lamun tan kawasa lah pada angamuk.’ ‘Kawasa manira Pangeran. Anghing alon alonan.’

Wong Deha tan patya den ipun anut ing sira, awekasan angsul ing Talaga Pager. Raden Wijaya mawelas kalawan kawulan ira sakeh ing angering. Sama aganti hemban ing raden yayi stri’  wekasan kawulanira abhawa rasa, anggun I ta tingkah ira Raden Wijaya. Sampun putus ing sabda, sama akambalan atur: ‘Pukulun, atur ing kawula, paran ira samadhaya. Punapa ta kawekas akan ira puniki? Angayam alas, kahyun ing kawula pakan ira samadhaya apened yan pakan ira dhatanga ring Madhura Wetan! Pakan ira  angungsiya ri [36a]ng ipun Wiraraja. Palar kena pakan ira para sraya.  Kadi pira, tanpawilasa. Apan marggan ipun agung, denira sira rama pakan ira. Sira sang mokta  kakang ira Raden. I ya iku lamuna wilasa. Mon tan awilasa akeh den isun amireng.’ Sahur ira Sora, sira Rangga Lawe, sira Nambhi, sama akedha sahur manuk: ‘Pukulun, kadi pira pun Wiraraja palinga pangeran? Yata sangkan ira Raden.’ Na hidep ing atur ing kawulan ira. Sah sira saking jro alas, teka ring Pandhakan.

Maring buyut ring Pandhakan haran Macan Kuping, Rahaden Wijaya sira amalampah dhuwekan, ingaturan, tinadah toyanipun. Dhuk binunceh hesi sekul putih. Agawok kang tumon. Ujar ing wong palag dahat. Apan tan hana du [36b]wekan ahisi sekul.

Sira Gajah Pagon tan kawasa lumaku, andhikan ira Raden Wijaya: ‘Bhuyut ing Pandhak, isun atunawa wong sawiji. Gajah Pagon tan kawasa lumaku. Didine ring sira.’ Ujar ing wong Pandhakan; ‘Dhuh gawe hala si pukulun. Yan kapanggiha iriki pun Gajah Pagon, masa wantena kawula samering Pandhakan. Ingucap kahayun ing kawula, didin ipun wonten ing kubon alas, pangaritan ing alalang, binungang ing tengah, pinakaryyaken gubug. Asepi tan [36b]wonten kawula mapeksa. Kawula Pandhakan asunga tedhan ipun nagken dina’. Kantun sira Gajah Pagong. Raden Wijaya annuli maring Bhatara memongi. Tekeng Dhatara numpak ing perahu. Sanjata Daha mantuk. –

Selesai.
 

KITAB PARARATON (9)


Tumuli sira Ranggawuni angadeg ratu, kadi nagha roro saleng. Lawan sira mahisa Campaka, sira Ranggawuni, abhiseka Bhatara Wisnu Wardhana karatun ira. Sira Mahisa Campaka dadi ratu Angabhaya, abhiseka Bhatara Narasingha. Atyanta patut ira tan hana wiwal.

Bhatara Wisnuwardhana angadegaken kutha ring Canggu lor isaka 1193.  Mangkat sira amrep ing Mahibit, anghilangaken Sang Lingganing Pati. [31a] Sangkan ing mahibit alah, lan engon wong, haran sira Mahisa Bunghalan, panjeneng ira Sri Ranggawuni ratu. Tahun moktan ira 1194. Dhinarmma sira ring Jajaghu. Sira Mahisa Campaka mokta, dinarmma ring Kumeper. Pamelesatan ira ring Wudhik Kuncir.

Sri Ranggawuni atinggal putra lanang, haran Sri Krettanagara. Sira Mahisa Campaka, atinggal putra lanang haran Raden Wijaya.

Siraji Krettanagara, sira anjeneng Prabhu, abhiseka Bhatara Siva Buddha. Hana ta wong ira, babatangan ira bhuyut ing nagka, haran Banyakwide.Sinungan pasengahan Aryya Wiraraja. Arupa tan Kandhel den ira, dinohaken. Kinon adhipatya ring Sungeneb, angher ing Madhura Wetan.

Hana ta patih ira duk mahwa anjeneng ratu, apuspathaa sira Mpu Raganatha [31b]. Nityasa angaturi rahayuan ing tuwan, tan kadhep den ira Sri Krettanagara. Sangkan ira Mpu Raganata asalah linggih. Ginanten den ira  Kebo Nengah Sang Apanji Araghani. Sira Mpu Raghanata gumanti dadi adhyaksa ring Tumapel.

Sapanjeneng Sri Krettanagara, anghilangaken kalana, haran kalana, haran bhaya. Huwus ing kalana mati, angutus ing kawulan ira, angadona maring Malayu, sumangka akdhik kari wong Tumapel, akeh kang katuduh maring Malayu. Sri Panjiya Raghani angateraken mangsul I Tuban. Teka ring Tumapel Sang Apanjiya Raghani angatur I tadahan prati dina. Akasukan Siraji [32a] Krettanagara.

Hana padhawalan ira lawan siraji Jayakathong ratu ring Deha. Pinaka musuh ira siraji Krettanagara. Kemper panghala desan ing satru. Tan benget yan wonten desan ira. Sira Banyakwide atuwuh  patang puluh tiga duk Samalayu. Amitra lawan siraji Jayakathong. Asura wehana kenkenan saking Madhura sira Banyakwide apasanggahan Arya Wiraraja. Mangkana siraji Jayakathong ahutusan maring Madhura, sira Wiraraja akirim surat dhataang ing siraji Jayakathong. Unining sawalan: ‘Pukulun patik aji matur ing padhuka aji, anenggeh padhuka ahyun abuburu maring tegal lama, mangke ta paduka aji abuburu aduweg kala desan ipun. Tamboten [32b]wonten bhaya, tamboten wonten macan ipun, tamboten bantheng ipun, lwah ulan ipun, rin ipun. Wonten macan ipun, anghing guguh.’
Sang apatih tuwa sira Mpu Raghanatha, kang ingaranan macan guguh, apan sampun atuha.

Samangka siraji jayakathong mangkat marep ing Tumapel, sanjata kang [32b] saka lor ing Tumapel, wong Deha naghala hala, tunggul kalawan tatabuhan penuh. Rusak desa sa lor ing Tumapel. Akeh atawan kanin kang amaprang aken, kang sanjata Deha kang amargga lor mandheg ing kameling.

Sira Bhatara Siwa Buddha pijer anadhah sajeng. Ingaturan  yan pinrep saking deha, apahido sira. Lagi amijilaken andhika: ‘kadi pira siraji [33a] Jayakathong? Mongkono haring isun? Apan sira huwus sapakenak lawan isun.’ Duk ingaturaken kang atawan kanih, samangka sira mintuhu.

Samangka Raden Wijaya tinuduh amaguta sanjata kang saka lor ing Tumapel, ingiring denira Aryya Dhikara sira Banyak Kapuk, Sira Rangga Lawe, Sira Sora, Sira Podhang, Sira Dangdhi, Sira Gajah Pagon, anak ira Wiraraja haran sira nambhi. Sira Peteng, Sira Peteng, Sira Wirot, sanjata abecik becik. Sang anangkis sanjata Deha, abubuhan lor, sama amuk rampak, kapalayu kang yoddha wong Deha kang metu saka lor. Tinut binuru denira Raden Wijaya. Dadi tumedhun sanjata agung sakeng Deha. Kang saking pinggir aksa anujwing lawor, tan wineh umunga, tan amawa tunggul, nguniweh tatabuhan.

Teka ring Sidsdhabhawana, anjujug ring Singhasari pisan. Patih ring [33b] Deha nira Kebo Mundharang, Sira Pudhot, Sira Bowong pinaka dining sanjata Deha saka kidul.

Sedang ira Bhatara Siwa Buddha anadhah sajeng lawan apatih. Dok sira kaparajaya, sama sira angemasi. Sira Kebo Nengah apurih mati ring manguntur Raden Wijaya sira tinuturaken mangalor. Ingaturan yan Bhatara Siwa Boddha mokta den ing sanjata Deha nedhun I saka kidul. Pun  patih tuwa sampun angmasi, sama umiring I talampakan ira Bhatara, samangka Raden Wijaya umungsi ring sawah miring, paksan ipun Kebo Mundarang aneduka ring buntal.

Raden Wijaya amancal ….tidak terbaca….Kebo Mundarang, teke mukan ipun kebekan ndut, mundur tur angucap: ‘Uduh tuhu yan dewa sipakan ira raden.’

Bersambung ke bagian kesepuluh

KITAB PARARATON (8)

[27a] Ya tumuli akena angambila sawung ring juru kurung. Ling ira Nusapati: ‘Lah yayi ta adun ipun pisan’. ‘Singgih’. Ling ira Panji Tohjaya. Sama anajini dhawak, sama akembar.

Katungkul Sang Anusapati. Tuhu yan sedhengan antakan ira. Kemper pijer angadoken sawung ira. Sinudhuk den ira Panji Tohjaya. Liha Sang Anusapati, isaka 1171. Dhinarmma sira ring Kadhal. Gumanti sira Panji Tohjaya, anjeneng ratu ring Tumapel.

Hana ta putran ira Sang Anusapati, haran sira Ranggawuni. Kaprenah kaponakan den ira Panji Tohjaya. Sira panji Wongateleng sanak ira Panji Tohjaya tunggal ing bapa, sahu ibhu. Aputra ta sira ring Mahisa Campaka, kaprenah pahulunan den ira Panji Tohjaya, duweg ira Panji Tohjaya ingastren,[27b]pinarek ing mantri samadhaya. Maka nguni sira pranaraga. Marek sira Ranggawuni, adulur kalawan Kebo Campaka. Ling ira Panji Tohjaya: ‘He manteri samadhaya, makadhi Pranaraja. Delengen iki kaponakan ingsun kamakara rupane lawan pangadege, paran rupane musuh ingong ring nusantara? Dene  wong roro iki, angapa nira Pranaraja?’ Asahur sembah sira Pranaraja matur: ‘ Singgih pukulun andhika, paduka Bhatara, apekik pekik ing rupa. Sama wani wani sira kalih, anghing pukulun upaman ira kadi wuwudhun munggwing nabhi, tan  wurung sira amatyani ri puhara’. Meneng talampakan ira Bhatara, sangsaya karasa atur ira Pranaraja.

Runtik Sang Apanji Tohjaya, teher angundhang ing sira Lembhu Ampal. Kon anghilangaken ing R, aden kalih. Andhikan ira Panji Tohjaya ring sira Lembhu Ampal: ‘Mon luput den ira ngilangaken ing ksatriya roro iku. [28a] Ko dhak hilangaken!’ Duk sira Panji Tohjaya aken angilangana ri Raden kalih, ring sira Lembhu Ampal, hana wonten brahmana sedhang hanangka paheni, ring sira Panji Tohjaya. Awas den ira Dhanghyang angrengha, yan Raden kalih kinen hilangakena.

Awelas sang brahmana ring raden kalih. Awelas yen sira Lembhu Ampal kang  kinen angilangakena. Yen luputa  kalih, kaki sira puniki, den ipun Lembhu Ampal. Pun Lembhu Ampal gumanti hilangaken den ira Sri Maharaja’.

Lingira Raden kalih: ‘Aron ta sira kaki, asonetana rumuhan.’ Pinariringaken manawi brahmanan ira adwa. Yata Raden sama maring sira Panji Patipati.

[28b] ‘Isun asenetan ing umah ira. Anengguh isun harep hilangakena den ira Bharata. Yen isun atut harep hilangakena, nora dosan isun’. Pinarurung aken den ira Panji Patipati. Rahaden atut. Yen pakan ira ingilangaken pun Lembu Ampal sinalahan.

Mangkin henak den ira senetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih, tan kapanggih. Pinarurungaken tan hana parungon paran ira. Yata sinenggeh sira Lembhu Ampal sakarahita lawan raden kalih den ira Bhatara. Samangka sira Lembhu Amphal hingilangaken. Malayu asenetan tetanggan ira Panji Patipati.

Angrunghu sira Lembhu Ampal, yen Raden hana ing panji patipati. Yata sira Lembhu Ampal, marek ing rahaden kalih. Atur ira Lembhu Ampal ri[29a] ng  rahaden:’Manira angungsi ring  paken ira pukulun. Dosan ira kinen angilangakena ring pakan ira den ira Bhatara. Mangkin ta manira anedha cineran, manawi pakan ira tan kandhel, den pakan ira henakane sira angawula ring pakanira. ‘Sampun cineran, awatara kalih dina, sira raden Lembhu Amphal marek ing raden kalih. Matur ing raden: ‘Punapa wekas ira rahaden pakan ira, tan wonten puharan ing asenetan? Manira anudhuka wong Rajasa mene, sedhang ipun ababanyu. Tatkala sore, anudhuk wong Rajasa sira Lembhu Ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujar ing wong Rajasa: ‘Wong Sinelir anudhuk ing wong Rajasa’. Watara kalih dina wong sinudhuk den ira Lembhu Ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujare wong Sinelir.’

Wekasan atukaran wong Rajasa lawan wong Sinelir, rame aleng lengan. [29b] Sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sira Panji Tohjaya, ingilangaken kalih batur pisan. Angrunghu sira Lembhu Ampal, yen wong kalih batur ingillangaken. Mara sireng wong Rajasa sira Lembhu Ampal, ling ira  Lembhu Ampal: ‘Yen sira hingilangaken, angungsiya sira ring rahaden kalih sira, apan sama hana rahaden.’ Sanggup ing wong Rajasa, parekakena ugi Ki Lembhu Ampal, wong batur puniki bhinakta pinituhan ing wong Rajasa parek ing raden kalih, atur ira wong Rajasa: ‘Pukulun pakan ira ya kita a[30a] kawula Rajasa.  Saandhika pakanira, pakanira corana, manawi tan tuhu pangawulan ipun. ‘Paheya den ipun ira angawula, mangkana wong Sinelir sama ingundhang pinituhan ipun.  Tunggal sanggup ipun lawan wong Rajasa tur pinatut, kalih batur sampun kacoran.

Winekas mene sore, padha merene tur amawa sahayan ira sowang sowang. Pada ambarananga ring Kedhaton, sama amit mantuk, wong Sinelir lawan wong Rajasa, katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya. Sama marek ing hayun ira raden kalih. Sama samo, annuli mangkata mbaranang mareng jro kadhataon.

Yogha kagyat sira Panji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan, marin ing geger, rinuruh den ing kawulan ira. Pinikul pinalayoken [30b] mareng Katang Lumbang. Kang amikul kasingse gadage, katon pamungkure. Ling ira Panji Tohjaya ring kang amikul: ‘Beciki gadagta katon pamungkure.’ Sangkan ing tan awet ratu dene silit iku. Rawuh sireng Katang Lumbang mukta ta sira. [30b] Anuli  dhinarmme Katang Lumbang. Linan ira isaka 1172.

Bersambung ke bagian kesembilan
 

KITAB PARARATON (7)

Alawas karengha wrettan ira Ken Angrok, yan huwus angadheg ratu. Kahatur ring siraji Dhangdhang Gendhis, yan Sang Amurwwabhumi harepa maring Deha. Andhikan iraji Dhangdhang Gendhis: ‘Sapa ta angalahakena ring nagaran isun iki? Manawa kalah, lamun Bhatara Guru tumurun saking akasa, Manawa kalah!’

Ingaturan sira Ken Angrok, yan siraja Dhangdhang Gendhis angandhika mangkana. Ling ira Sang Amurwwabhumi: ‘He para bhujangga Sewa Soghata kabeh, astwakena isun abhiseka Bhatara Guru’. Samangkana mulan ira abhiseka Bhatara Guru. Ingastwan ing bhujangga Brahmana Rsi. Tur sira anuhu anglurrug maring Deha.

Karengha den iraji Dhangdhang Gendhis, yan Sang Amurwwabhumi ring[24a]Tumapel, anekani angdhon maring Deha. Ling iraji Dhangdhang Gendhis: ‘Alah isun. Sedhang e ki Angrok winong ing Hyang’. Samangkana ta sanjata ring Tumapel, acucuh lawan sanjata Deha. Aprang ring lor ing Gantir. Apagut sama prawira, anglong ing linongan, katitihan sanhata Deha. Harin iraji Dhangdhang Gendhis mokta. Nyama kretti ksatriya Raden Mahisa Walungan, lawan mantrin ira prawira haran Bubar Baleman.

Moktan ing harin iraji Dhangdhang Gendhis, awah wadwa pinakatihati sire Bubar Baleman, kalih karebat den ing wado Tumapel. Amah gunung den ipun aprang. Samangka ta wado Deha Kapalayu, apan pinakadhin ing prang sampun kawenang.

Irika ta manjata Deha bubar kawon, pungkur wedhus, dawut paying, tan [[24b]hana pulih manih. Samangka siraji Dhangdhang Gendhis, murud saking paprangan angungsi maring Dewalaya. Gumantung ing awing-awang, tekan ing undhakan, pakathik, juru paying, lawan mawa tadhah sedhah, tadah toya, panglante, sama milu angawang-awang.

Prasiddha alaah ring Deha, den ira Ken Angrok. Lawan sirayin ira, ha[24b]ran Dewi Amisani, Dewi Asin, Dewi Maja, mangkin sama katuran yan siraji Dhangdhang Gendhis alah aprang. Karengha honti Dewalaya gumantunging awang-awang. Mangke ta sira twan dewi katiga, muksa lawan kadhaton pisan.

Irika ta sira Ken Angrok huwus ing jaya satru, mulih maring Tumapel. Kaputer bhumi Jawa den ira, saka kala panjeneng ira huwus  kalah ing Deha 1144.

Alawas hana wretta sang Anusapati, yen anak ira Tunggul Ametung, ata[25a]takon ta sira ring pamongmong: ‘Awedhi manira Raden ing sira rama pakan ira’. Atur ing pamongmong. ‘Aron ira matura ring sira ibhu pakan ira!’

Tan suddhan ira Nusapati atakon I sirebhun ira. ‘Ibu isun ataken ing sira. Punapi kalingane sira bapa yen tuminghali ingsun, patehe tinghal I ra kalawan sanak isun kabeh. Tan ucapenn lawan putran ira ibhu anom? Mangkin pahe tinghal ira bapa, tuhu yan sama saman ira Sang Amurwwabhumi.’ Sahur ira Ken Dedes: ‘Kaya dudu kang angandheli, yen sira kaki ahyun wruha, sira Tunggul Ametung harane raman ira. Katinggal isun tigang sasih yata ingsun ingambil den ira Sang Amurwwabhumi.’ Ling ira Sang Anusapati: ‘Kalingane ibhu, dudu bapa isun Sang Amurwwabhumi? Punapa ta ibhu padhem[25b] ira bapa?’  ‘Sang Amurwwabhumi kaki amateni!’ meneng sira Ken Dedes arupa kaluputan den ing awwreta majati ring sira nak ira. Ling nira Nusapati: ‘Ibhu, wanten duwung ira bapa? Antuk ipun Gandring akaryya. Ingsun tadhan ipun ibhu.’ Sinungaken den ira Ken Dedes ring sang Anusapati. Amit mantuk maring kamegetan ira.

Wonten ta panghalasan ira ring Bathil, ingundang den ira Nusapati. Kinon amoktanana ring Ken Angrok. Sinung duhung antuk ipun Gandring akaryya, nggen ipun amoktanana ring Sang Amurwwabhumi. Ingebang wong Bhatil den ira Nusapati, mangkat wong Bhatil maring dalam kadhaton. Kpanggih Sang Amurwwabhumi sedhang ing anadhah. Teher sinudhuk sira den ing wong Bathil. Duk sira kasurnnan, Wrehaspati ing Landhep, masan ira anadhah sandhe jabung sampun ing surup amasang sandhe. Sampun ing liha Sang Amur[26a]wwabhumi, malayu wong Bathil. Angungsi ring Sang Anusapati, matur wong bathil: ‘Sampun mokta sira rama pakan ira den manira.’ Neher sinuduk wong Bathil den ira Nusapati. Ujar ing wong Tumapel, abhatara sira ngamuk den ing pangalasan ing Bathil. Sira Nusapati angember I hanuk. Linan ira Sang Amurwwabhumi, isaka 1169. Sira Dharmmeng Kagenengan.

Sampun mangkana, Sang Anusapati anggantya ajeneng ratu. Duk Sang Anusapati ngadheg ratu, isaka 1170, alama kawretta den Raden  Tohjaya. Yata karengha sapolah ira Sang Anusapati angupahaken ing Sang Amurwwabhumi. Mokta den ing wong Bathil. Sang Apanji Tohjaya, tan suka moktan ing sira raman [26b] ira. Akira-kira amet pamales, marggan ing kapatin ira Sang Anusapati. Wruh Sang Anusapati, yan kinire den ira Sang Apanji Tohjaya. Yatna Sang Anusapati. Pagulingan ira binalungbang. Ring pamengkang wong angayeng I, pikandhel atata.

Huwus alama marek Sang Apanji Tohjaya. Amawa sawung sira. Mareng Bhatara Anusapati. Ling ira Panji Tohjaya: ‘Kaka, wonten kris ira bapa? Antuk ipun Gandring akaryya? Isun tedhan ipun ing sira.’ Tuhu yan samayan ira Bhatara Nusapati. Sinungaken duhung antuk ipun gandring akaryya, den ira Sang Anusapati, tinanggapan den ira panji Tohjaya, sinungklang tumuli. Duhung ira kang ingangge ring uni, sinungaken ing wong ira. Ling ira Panji Tohjaya: ‘Duweg kaka ta bongbong’. Sumahur sang Anusapati: ‘lah yayi’.

Bersambung ke bagian kedelapan
 

KITAB PARARATON (6)

Samangkana ta arupa analahasa Ken Angrok patin ira Gandring. Ling ira [20a] Ken Angrok: ‘Lamun isun dadi wong, tumusa ring anak putune apandhe ring Lulumbhang.’

Teher amantuk sira Ken Angrok, maring Tumapel. Hana kakasih ira Tunggul Ametung, haran Kebo Ijo. Pa wong sanak asih sihan kalwan  Ken Angrok. Satinghal ira Kebo Ijo, ring sira Ken Angrok anungklang duhung anyar, awarangka anyar, adhnanganan cangkring katut rwin ipun tan pagagala, wungkul, areman sira Kebo Ijo mulat. Angucap ing Ken Angrok: ‘He kaka sun silihe kris ira iku.’ Sinungaken  den ira Ken Angrok, tumuli ingangge den ira Kebo Ijo, wet ing resep ira tumon.

Alawas ingangge den ira sapeksa. Yen sira Kebo Ijo anungklang duhung anyar. Moggha ta mangke duhung punika, pinalingan den ira Ken Angrok, kene dene amalingi.

Teher Ken Angrok, ring ratri annuli maring dalem pakuwon, duweg sirep ing wong. Katuwon den ira nulu ring widhi, annuli     pareng paturon ira Tunggul Ametung, tan pakawara lakun ira. Sinudhuk sira Tunggul Ametung, den ira Ken Angrok, trus pranan ira Tunggul Ametung. Mati kapisanan, I kris antuk ira Gandring, agawe kinatutaken minaha. Mangke huwus rahina. Kawaswasan duhung umandhem ing jajan ira Tunggul Ametung, tinenger den ing wong kang wruh, kris ira Kebo Ijo kalingane kang anyidra ring sira Tunggul Ametung. [21a] Apan sawyakti krise katut ing jajan ira sang akuwu ring Tumapel. Samangkana sira Kebo Ijo sinikep den ing kadhang warggan ira Tunggul Ametung tinewek ing kris anruk ira Gandring akaryya punika. Mati ki Kebo Ijo.

Hana ta anak ira Kebo Ijo, haran Mahisa Randhi. Alara patin ing bapa. Yata winilasan kinathik den ira Ken Angrok. Atyanta welas ira ring sira Mahisa Randhi. Moggha Hyang Dewa siran dandani, tuhu yan kraman ira Ken Angrok ring sira Ken Dedes, alama akakarepan. Tan hanan ing wong Tumapel wani angucapa satingkah polah ira Ken Angrok. Mangkana sakadang warggan ira Tunggul Ametung, meneng tan hana waniya ngucap. Yata apanggih Ken Angrok lawan  sira Ken Dedes, sampun ta sira abobot tigang lek, katinggal denira Tunggul Ametung kaworan den ira Ken Angrok. Atyanta den ira silih[21b] asih sira Ken Angrok lawan sira Ken Dedes.

Alawas papanggih ira, genep lek ing rare. Mijil anak ira Ken Dedes lanang, patutan ira Tunggul Ametung. Inaranan Sang Anusapati. Papanjin ira sang apanjiya nengah.

Alama sira patutan manih lawan sira Ken Angrok, mijil lanang haran Mahisa Wongateleng. Mwah hari den ira mahisa Wongateleng lanang haran Sang Apanji Saprang. Harin ira Panji Saprang lanang haran sira Aghnibhaya. Harin ira Ghnibhaya wadon, haran sira Dewi Rimbhu. Patpat suthanira Ken Angrok lawan Ken Dedes.

Hana ta bini ajin ira Ken Angrok anom, haran sira Ken Umang. Sira ta apatutan lanang haran sira Panji Tohjaya. Harin ira lanang haran sira Pan[21b]ji Sudhatu. Harin ira Panji Sudhatu lanang, haran sira Tuwan Wregola. Harin ira Tuwan Wregola stri haran sira Dewi Ramti. Kweh ing putra 9. lanang 7. wadon 2.

Telas purwwa wetan ing Kawi. Kaputer sawetan ing Kawi. Sama awedhi ri sira Ken Angrok, mahu ariwa riwa, ahyun angadhega ratu. Wong Tumapel sama suka yan Ken Angrok angadheg ratu, katuwon pan dulur ing widdhi, Sang Ratu ring Daha Siraji Dangdhang Gendhis angandika ring para Bhujangga sahaneng Deha, ling ira: ‘He kita para bhujangga siwa soghata, paran sangkan ira nora anembah ring isun? Apan isun saksat Bhatara Guru’.  Sumahur para bhujangga sakapasuk ing nagareng Kadhiri: ‘Pukulun tan wonten ing kuna kuna bhujangga anembah ring ratu’, mangkana linging bhujangga kabeh. Ling ira [22b]ji Dhangdhang Gendhis: ‘Lah Manawa kang kina kina nora anembah. Kang mangko ta isun sembahen den ira! Manawa sira tan wrh ing kasaktin isun, mangke sun weh I pangawyakti.’

Mangko ta siraji Dhangdhang Gendhis ngadekaken tumbak. Landheyan ipun tinancepaken ing lemah. Sira ta alinggih ri pucuk ing tumbak. Tur angandhika: ‘Lah para bhujangga, delengen kasaktin isun!’  Sira ta katona acaturbhuja, atri nayana, saksat bhatara Guru rupanira. Winidhi anembaha para bhujangga sakapasuk ing Deha.

Sama tan harep anembaha. Tur padha angungsi maring Tumapel, asewa ring [22b] Ken Angrok. Samangka mulan ing Tumapel tan ahidep ing nagareng Deha. Tumuli sira Ken Angrok kinastwaken prabhu ring Tumapel. Haran ing nagara Singhasari, abhisekan ira Sri Rajasa Bhatara Sang Amurwwa [23a] Bhumi. 

Ingastriyan den ing Bhujangga Sewa Soghata kang saking Deha. Makadhi sira Dhanghyang Lohgawe, sira Asangkapani. Kunang kang asih awelas ring sira Ken Angrok ing kina, dhuk sira sedhang kasiasih, padha ingundhang kabeh, tinulung denira winales pawilasane. Makadhi sira Bango Samparan, tan ucapen sira Mandhala ring Turyyantapada. Lawan ta nak ing apandhe wesi ring Lulumbhang haran Mpu Gandring, satus e apandhya ring Lulumbhang, luput eng saharik purih, satampak ing walukune, wadhung, pacule, hana anake Ki Kebo Ijo, den padha kawawenangane lawan anake Mpu Gandring. Anak ira bapa Dhanghyang haran Wangbhang Saddha, patutan ira lawana wong Wisnu, tamokena kalawan anak ira bapa Bango haran Cucupu Ranti. Mangkana rasan[23b]ing andhika Sang Amurwwabhumi, atyanta krettan ing nagara ring Singhasari, pari purna, nir wighna.

Bersambung ke bagian ketujuh

KITAB PARARATON (5)

Sahulih ira Mpu Purwwa saking paran, tan katemu sira nak ira. Sampun pinalayoken den ira Tunggul Ametung kuwu ring Tumapel, tan wruh ri kalingan ira. Yata sira Mpu Purwwa anibaken samaya tan rahayu, ling ira: ‘Lah kang amalayoken anak ingsun, moggha tan panutuga pamuktine, matya binahud [16a] anggris. Mangkana wong Panawijen, hasata pangangsone. Moggha tan metuwa banyune beji iki, dosane nora awara ring ingsun. Yen tan anak ingsun den walat ing wong.’ Mangkana ling ira Mpu Purwwa. Kalawan ta anak ingsun majaraken karma amamadhangi, anghing sot mami ring anak mami: ‘moggha anemwa rahayu, den agung bhagyane.’ Mangkana sot ira Mahayana ring Panawijen.

Satekan nira Ken Dedes ring Tumapel, sarowang sapaturon den ira Tunggul Ametung. Tan sipi sipi sih ira Tunggul Ametung. Wahu angidham sira Ken Dedes, dadi sira Tunggul Ametung akasukan acangkrama asomahan, maring taman Bhabhojji. Sira Ken Dedes anunggang i gilingan. Satekan ira ring taman, sira Ken Dedes tumurun saking padhati.

Katuhon pagawen ing widhi, kengis wetis ira, kengkab tekeng rahasiyan [16b] ira. Teher katon murub den ira Ken Angrok, kawengan sira tuminghal. Pitwi den ing hayun ira andhulu, tan hana madhan I kalituhayon. Kasmaran sira Ken Angrok. Tan wruh ring tingkah ira.

Sahulih ira Tunggul Ametung sakeng pacangkrama, sira Ken Angrok awarah ing sira Dhanghyang Lohgawe. Ling ira: ‘Bpa Dhanghyang. Hana wong istri murub rahasiyane. Punapa laksanan ing stri lamun mangkana? Yen hala rika? Yan rahayu? Ring kalaksanan ipun?’  Sumahur sira Dhanghyang: ‘Sapa iku kaki?’ Ling ira Ken Angrok: ‘Wonten bapa, wong wadon katinghalan rahasiyanepun den ingsun’. Ling ira Dhanghyang Lohgawe: ‘Yan hana stri mangkana kaki, iku stri Nareswari harane, adhi mukyan ing stri iku kaki. Yadyan wong [1a] papa angalapa ring wong wadon iku, dadi ratu.’ Meneng sira Ken Angrok. Ri wekasan angling: ‘ Bapa Dhanghyang. Kang murub rahasiyanipun puniku, rabin ira kuwu ring Tumapel. Lamun mangkana, manira bahudanggris si kuwu, kapasthi mati den manira. Lamun pakan ira angadhyani.’ Sahur ira Dhanghyang: ‘Mati bapa kaki Tunggul Ametung den ira? Anghing ta ingsun tan yogya yan angadhyanana ring kaharep ira, tan ulahan ing pandhita. Ahing  an sakaharep ira!’  Ling ira Ken Angrok: ‘Lamun mangkana bapa, isun amit ing sira.’ Sumahur sang brahmana: ‘Maring pundhi ta sira kaki?’ Sumahur Ken Angrok: ‘Ingsun dating ing Karuman, wonten Bobotoh angangken weak ring ingsun haran sira Bango Samparan. Asih ring isun, punika isun tarinipun.’ Kadi angyagyanana ling ira Dhanghyang: ‘Rahayu yan mangkana.’

Sampun ta kekes ira alawas ing Karuman, ling ira Angrok: ‘Punapa [17b] karyyan isun alawasa?’ Sah sira Ken Angrok saking Tumapel, teka sireng Karuman. Kapanggih sira Bango Samparan: ‘Saking ndi ta weton ira, alawas tan mare ri sun?’ Kadi ring swapena isun atatemu lawan sira. Alawas temen den ira lungha’. Sumahur Ken Angrok: ‘Wonten ing Tumepel isun bapa. Amara sebha ring sira kuwu, sangkan isun  maring sira, hana rabin ira kuwu, tumurun saking padhati kasingkab rahasiyane, katon murub den isun. Hana ta Brahmana anyar anga Jawa, anama sira Dhanghyang Lohgawe. Sira angaku weak ing isun. Isun takoni, punapa haran ing stri lamun murub rahasiyanipun? Ling ira sang [18a] brahmana: ‘uttama dahat istri lamun mangkana. Harane iku kang sinengguh stri Arddhanareswari ika. Sulaksana temen. Pun iku sing adrewe rabi katekan dadi ratu. Isun ta bapa Bango, kapengin dadya ratu. Kaharep isun, ki Tunggul Ametung isun patenane. Rabine isun halape. Malar bapa ranak ira dadiya ratu. Amalaku isun  pangdhyana sira bapa Dhanghyang. Ujar sira sang Brahmana: ‘Kaki Anrok, an kawasa ring brahmana yen angajnyana ring wong alap rabin ing wong. Hingan sakaharep ira piambek’. Punika karana isun maring bapa Bango, amalaku adhyan adhyan ira bapa. Isun cidrane sira kuwu ring Tumapel. Wyakti mati den isun.  Sumahur sira Bango Samparan: ‘Rahayu yan mangkana. Isun kaki angadhyani yen sira harep ambahudanggris ring sira [18b] Tunggul Ametung. Anghing ta kaki Angrok, sira kuwu ateguh. Manawi no tedas yen de ra sudhuka ring kris kurang yonine. Hana ta mitran isun apande ring Lulumbhang, haran Mpu Gandring. Yoni olihe gawe kris, nora hana wong ateguh de ne gagaweyane, tan amingron I lamun sinudhukaken. Ika konen akaryyaha duhung, yan huwus dadi kris, nggen ira anyidra ring  ki Tunggul Ametung’. Mangkana wekas ira Bango Samparan ring Ken Angrok. Ling ira Ken Angrok: ‘Amit isun bapa, maring Lulumbhang’.

Sah sira saking Karuman, annuli maring Lulumbhang, atemu sira Gandring nambut karyya ring Gusali, rawuh Ken Angrok, tur atakona: ‘Iya sira bhaya haran Gandring?’ Lah reko isun pagawekena kris huwusa limang wulan. Aghata gawene den isun.’

Ling ira Mpu Gandring: ‘Sampun limang wulan punika? Lamun sira den ah[19a]yun den apenet, manawi satawun huwus! Enak rateng papalon ipun.’ Ling ira Ken Angrok: ‘Lah sarupane gugurindane. Anghing den huwus limang wulan.’

Sah Ken Angrok saking Lulumbhang, maring tumapel. Kapanggih sira Dhnghyang Lohgawe, atakon ing Ken Angrok: ‘ Paran sangkan ira alawas ing Karuman?’ Sumahur Ken Angrok: ‘Sumelang maring Lulumbhang manira bapa.’

Samangkana ta Ken Angrok kalawasa panganti ring Tumapel:huwus genep limang wulan, henget ing samayan ira yen akenken kris ring Ra Mpu Gandring. Mara sira maring Lulumbhang. Katemu sira Mpu Gandring agugurindha, anigasi papalampahan ira Ken Angrok kris. Lingira Ken Angrok: ‘Endi kenke[19b]nan isun ing kaki Gandring?’

Sumahur sira Gandri: ‘Singgih kang isun gurindha puniki kaki Angrok.’ Pinalaku tinghalan punang kris , den ira Ken Angkrok. Ling ira asemu bendhu: ‘Ah tan polih den isun akonkonan ing sira Gandring. Apan during huwus gugurindane kris iki lagi asebel. Iki kapo rupane kang de ra  lawas limang wulan lawase. Apanas twas ira Ken Angrok. Dadi sinudukaken ing sira Gandring kris antuk ira Gandring agawe ika. Annuli pinrangaken ing Lumpang sela pambebekan gurindha, belah aparwa. Pinrangaken ing paron ira Gandring, belah apalih. Sa,angka sira Gandring angucap: ‘Kang amaten I ring sira tembe kris iku, anak putun ita mati dene kris iku, oleh ratu pipitu  tembe kris iku amateni.’ Wus ira gandring angucap, mangkana mati sira Gandring.

Bersambung ke bagian keenam
 

KITAB PARARATON (4)

Sah sira Ken Angrok saking Kabalen, angungsi maring Turyyantapada, sira Mandhaleng Bapa. Siddhan ing dharma kancana. Sah sira Ken Angrok sakeng mandhaleng Bapa. Maring pradesa ring Tunggaran. Mora awilapa sira bhuyut ing Tunggaran, rinusuhan wong Tunggaran den ira Ken Angrok. Yata ingemban tang gho phala, sinalaken ing Mandhaleng Bpa. Dadi kapanggih anak ira bhuyut ing Tunggaran, ananem kacang ing pagagan.

Mangko ta ikang rare rinowang asanggama den ira Ken Angrok, alalamak kacang kakampilan; sangkan ing kacangTunggaran wiji akulimis agung agurih. Sah nira saking Tunggaran, amlih sira Mandhaleng Bapa, mwah ling ira[13a]Ken Angrok: ‘Yen isun dadya wong adhana, apirak, ring kaki Mandhaleng Bapa’.

Kawretta sira Ken Angrok ing nagara Daha. Yen arusuh, asenetan ing Turyyantapada, ingilangaken saking Daha, rinuruh den ing wong saking Daha. Lungha saking Mandhaleng Bapa, angungsi sira maring gunung Pusthaka. Sah nira saking rika, angungsi ring Limbehan, awilapa sira bhuyut ing Limbehan ingungsi de ira Ken Angrok.

Wekasan ananakthi sira Ken Angrok maring Rabut Kedhung Panithikan. [13a]Katuturunan sira Widdhi, kinon maraha maring Rabut Gunung Lajar, ring dina Buddha Ireng ing Warigadhyan. Sira para dewa ahum akukumpul. Mangkana ling Ra Ninikan, mapi angrowangana. Asenatana kita Bapa, tan hanan ing wruha. Mami ananapuha ring Gunung Lajar, sedhang ing Dewa ahum kabeh.

[13b] Mangkana ling Ra Nini ring Panithikan. Yata mara sira Ken Angrok ing Gunung Lajar, katekan pwa Buddha Ireng ing Warigadhyan, mara pwa sira ring pahoman. Yata menetan sira ring patuha, ingurugan suket den iraraning Panithikan.

Teher muni kang sapta swara. Genter pater lindhu ketug, kilat ali siyua aliwawar, hudan salah masa, tan pantara. Teja wangkasa, ndan samangkana sira angrengha sabdha tan pantara umwang gumuruh. Rasan ing uman ing watek Hyang, ikang angukuhanan ring nusa Jawa, ‘yaya adhi mandhala’. Mangkanan ling kang watek dewata kabeh. Sama hasa langgapan ujar: ‘Ndi kang yogya prabhwa ring nusa Jawa?’ Patakaon ing watek Hyang kabeh. Sumahur Sanghyang Guru: ‘Wruhan ta kabeh watak dewata. Hana si yugga mami manusa [14a] wijil ing wong Pangkur. Ika angukuh i bhumi Jawa.’ Samangka ta metu sira Ken Angrok saking patuhan. Katinghalan sira den ing watek Hyang. Sama kayogyan sang watek dewatha. Yata inastwaken sira Bhiseka Bhatara Guru.

Mangkana kastwan ira de sang watek dewatha asurak asanggaruhan. Winidhyan sira Ken Angrok kangkena bapa ring sang Brahmanamaka nama sira Dhanghyang Lohgawe, wahu teka saking Jambhudwipa. Kinen upapanggiha ring ta leka. Samangkana mulan ing brahmana hana ring wetan ing Kawi. Duk maring Jawa tan parahu, atampakan ron ing katatang telung pungkel. Mentas ira anuju pradesa ring Taloka. Midher sira Dhanghyang Lohgawe angulati sira Ken Angrok, lingira Dhanghyang Lohgawe: Hana rare adawa tangane. Kaliwat ing dekunge, tulise tangane tangan cakra, kang kiwa ngka. Harane [14b] Ken Angrok. Katon ing puja mami, dadin ira Bhatara Wisnu. Pawarah ri ngunin dhuk ing Jambhudwipa.

‘He Dhanghyang Lohgawe, wus mobho denta mujar ing Wisnu arcca. Mami tan hana ri ngkene. Ngong anjanma manusa ring Jawa. Kita tumutur eng mami haran ingong Angrok. Ulatana mami ring Kabotohan’. Tandwa sira Ken Angrok kapanggih ring Kabotohan. Winaspadhaken singgih kang katon ing puja den ira Dhanghyang Lohgawe. Tumuli sira tinanyan. Ling ira Dhanghyang Lohgawe: ‘Ingsun aku anak sira kaki. Ingsung rowang duhka nastapa. Sun wong ng saparan ira’.

Sah sira Ken Angrok saking Taloka, mara sira maring tumapel. Milu sira [15a] sang brahmana. Satekan ira ring Tumapel, amanggih kala desa, hati sira asesebhana ring sang akuwu ring Tumapel, haran sira Tunggul Ametung. Kapanggih sira sinebha.

Ling ira Tunggul Ametung: ‘Bhage ya pukulun sang brahmana. Saking pun endi [15a] sira anyar ka tangkilan?’ Sumahur sira Dhanghyang Lohgawe: ‘He kaki sang akuwu. Anyar saking sabrang ingsun. Hati asewaka ta maring sang akuwu ingsun kaki, lawan takon-takon ingsun anak puniki, ahyun sumewaka ring sang akuwu.’

Sumahur sira Tunggul Ametung: ‘Lah suka ingsung sira Dhanghyang. Yen sira santena wontena ring sira nak ira’. Mangkana ling ira Tunggul Ametung sang akuwu ring Tumapel.

Dadi hana bhujangga Boddha-sthapaka ring Panawijen, lumaku Mahayana. Atapa ring setran ing wong Panawijen, apuspatha sira Mpu Purwwa. Sira ta [15b] hana anaka stri tunggal duk dereng ira Mahayana. Atyanta ring lituhayun ing putrin ira, aharan Ken Dhedhes. Sira kawretta yan hayu, tan hana amadhani rupan ira yen sawetan ing Kawi. Kasub tekeng Tumapel, karungu den ira Tunggul Ametung. Tumuli sira Tunggul Ametung dhatang ing Panawijen anjujug maring dukuh ira Mpu Purwwa.
Kapanggih sira Ken Dhedhes, atyanta garjjitan ira Tunggul Ametung tummon ing rara hayu, katuju sira Mpu Purwwa tan hana ring patapan ira. Sa mangka ta Ken Dhedhes sinahasa, pinalayoken den ira Tunggul Ametung.

Bersambung ke bagian kelima
 

KITAB PARARATON (3)

Dadi sira amiresep sabdha ring awing awing, kinon sira amranga ron ing tal, pinaka hlaran ira kiwa tengen, marggan ira anglayang maring sa[9a]brang wetan, masa sira mati ya mwah.

Yata amrang mirantuk kakalih, pinaka hlar ira kiwa tengen. Anglayang nira maring sabrang wetan, malayu angungsi ring Nagamasa. Tinut sira binuru, angungsi ta sira ring Mandhaleng Oran. Tinut binuru, malayu ta angungsi Mandhaleng Kapundungan, katemu atanem sira Mandhala ingalingan ta siran ingaku weak den I Mandhala sira Ken Angrok. Anak ira padha atanem, keh ipun nenem, katuju lungha gagawu kang tunggal, kari lilima, kang lungha ginantenana tanema den ira Ken Angrok.

Teka kang amburu ri sira, tur angucap ing sira Mandhala, hanane wang arusuh isun buru, angungsi ring ngke mahu. Sumahur sira Mandhala: ‘Kaki dayakan nira, tan tuhwa linyok ingsun kaki, yan nore ngkene. Anak ingsun [9b] nemnem, genep nemnem. Wilangen uga den ira. Manawa luwih saking nenem, tuhwa hana wong len I ngkene.


Ujar ing aburu: ‘Tuhu yan anak ira Mandhala nenem, apan kang atanem iku nenem.’ Lungha kang aburu.
Ling ira Mandhala ring Ken Angrok: ‘Lungha sira ta kaki, Manawa awangsul kang aburu ring sira. Manawa hana micara sabdhan isun. Tan pantuk den iru mesu ngusi ing isun. Lungha sira angungsi alas!’

Ndan ling ira Ken Angrok: ‘Pangher manih aburuwa’. Yata sangkan ing alas Patangtangan harane. Annuli sira Ken Angrok angungsi ring ano. Sah sira maring alas ing Trewag. Manggih sangsaya, mer sah sira.

Hana ta sira Mandhaleng Luki, angarep ing welahan. Mangkat sira amuluku pagagan, akaryyan di pakacangan, ambaktha sekul ing rare angon mahisan [10a] ing Mandala. Den salehaken ing undhung undhung, den wadhah I kele, katungkul sira Mandhala pijer amuluku pakacangan. Ingundhuk undhukan ing ambel den ira Ken Angrok, pinet sekule. Nangken dina sira mangkana. Kepwan sira Mandhala, den ing baryyan dina kelangan segan ing pangon.

Pangucap ira Mandhala: ‘Paran sangkana hilang sekul iki?’ mangkin ta inginte sasingidan segan ira Mandhala ring welahan. Panghone den konang mulukuwa, tandhwa dhatang sira Ken Angrok saking jro alas, paksan ira Ken Angrok angambila sekul punika. Sinapa de ra Mandhala; ‘Kalingane sira kapo kaki amet segane panghon isun iku nagken dina?’  Sumahur Ken Angrok: ‘Singgih kaki Mandhala. Isun amet segane panghon ira nagken dina. Wet ing lapa [10b] nisun tan pamangan.’ Ling ira Mandhala: ‘Lah kaki datenga ring asraman isun sira yen aluwe, amalampaha sekul nagken dina. Apan ingsung pratidina hadang-hadang tekan ing tatamu.’ Teher binakta ta sira Ken Angrok dhatang ing batur de ra mandhala. Sinoghatan sireng sekul ulam. Ling ira Mandhala ring strin ira: ‘Nini, Bhatari isun amemekas ing sira. Lamun Ken Angrok mara ri kimon ingsun tan hana ring umah twi, kukurenen tumuli, amal lasaken.’ Yata ken Angrok atutur nangken dina teka. Lunghan ira saking rika, mara ring Lulumbhang, maring banjar Kocapet.

Hana ta sira Mandhaleng Turyyantapada, mulih sira mareng Kabalen, parab ira sira Mpu Palot. Among dharma kancana, aguru ta sira ring Hyang buyut ing Kabalen, sira pangawak ing dharma kancana siddhi. Sandhi sani[11a]ddhya. Mantuk ta sira Mpu Palot saking Kabalen, amawa ta sira lakar, awerat limang tahil, areren ing Lulumbang. Awedi sira Mpu Palot muliha dewek mareng Turyyantapada, reh ing wonten wong kawretta anawala ring margga, haran sira Ken Angrok.

Sira Ken Angrok ngaran ing wong iku. Kunang sira Mpu Palot tan wruh ring patutunggalan ing wong. Yata katemu sira Ken Angrok ing parerenan ling ira Ken Angrok ring sira Mpu Palot: ‘Uduh dating ipun ndi ra kaki pukulun?’ ling ira Mpu Palot sumahur: ‘Alalunghan ingsun kaki saking Kabalen, ahyun mantukamaring Turyyantapada. Awedhi ingsun ing margga, anengguh hana [11a] wong anawalan haran Ki Angrok’. Mesem sira Ken Angrok. Ling ira Ken Angrok: ‘Lah pukulun, ranak ira angatara mantuk ing ra kaki. Ra putun ira mene anglawada yan kapanggih wong haran Angrok puniku. Lumaris uga Ra kaki[11b]mantuk mareng Turyyantapada. Sampun walang hati’.

Kapihutangan sira Mpu ring Turyyantapada, angrungu sanggup ira Ken Angrok. Satekan ireng Turyyantapada, saha winarahan ing dharma kancana sira Ken Angrok. Enggal bhisa, tan hana sor timbangana ring kapaktin ira. Neher ingaku weak sira Ken Angrok den ira Mpu Palot, sangkan ing asrama ing Turyyantapada ingaran ing Mandhaleng Bapa ring mangke. Molah ira Ken Angrok ingaku bapa ring sira Mpu Palot.

Mangkat sira Ken Angrak, dhatang ing Kabalen. Tan kapihandel  sira[12a] Ken Angrok den ira sang apalinggih ring Kabalen. Samangka ta arengen sira Ken Angrok. Moggha hana hembang ring panapen, sinuduk den ira Ken Angrok, malwi angungsi ring Hyang Buyut ing Kabalen. Ingatekaken sira para kategan sahaneng Kabalen. Para Guru Hyang tekan ing kapuntan, sama Mandhala makta palu angsa, angurus ira ring Ken Angrok, sama mukul ing palugangsa, paksan ira sang tyaga mingronana, mahyuna matenana sira Ken Angrok. Moggha angrunghu ujar ing akasa: ‘Ayo dera paten I wong iku!’ Sang tyaga yuggha mami rare iku Tangheh gawene ring Madhya-pada’. Mangkana sabdha kasa, karunghu dera sang tyaga. Yata tinulung Ken Angrok, anglilir ka[12b]ding pralagi. Teher Ken Angrok angenaken upattha, ling ira: ‘Tan hana ya tetega ring wetan ing Kawi, tan siddhan ing dharma kancana’.

Bersambung ke bagian keempat
 

KITAB PARARATON (2)

Sah sira Bango Samparan saking [5a] Karuman. Ananakthi maring Rabut Jalu. Angrengha ujar saking akasa, konon muliha maring Karuman manih: ‘Hana anak mami manguwusana hutang ta haran sira Ken Angrok’. Sah sira Bango Samparan saking Rabutjalu. Lumampah saratri. Dadi manggih rare, kahi tang widhin ing Hyang den ira Bango Samparan. Singgih ta sira Ken Angrok binakta mantuk maring Karuman, ingaku weak den ira Bango Samparan.

Annuli maring kabotohan, kapanggih sira malandhang den ira Bango Samparan, inawana tohtohan. Alah sira malandhang. Mulih alah ira Bango Samparan. Tuhu yan widhin ing Hyang, mantuk sira Bango Samparan, binakta mantuk sira Ken Angrok den ira Bango Samparan. Sira Bango Samparan wahu angalap homah. [5b] Sira Genuk Buntu rabi tuwa, sira Tirthaya rabi anom. Hana anak ira Panji Bawuk, panghulu sira panji Kuncang, harin ira Panji Kunal. Sira Panji Keneng Kung uruju; wadon haran sira Cucupu Ranthi.

Sira Ken Angrok ta sira ingaku anak den ira Genuk Buntu. Malawas sira haneng Karuman, tan apatut sira kalawan para Panji kabeh. Don ira ken Angrok sah saking Karuman, tumuli sira mara ring Kapundhungan. Amanggih sira raryangon, anak ira tuan Sahaja, bhuyut ing Sagenggeng, haran sira tuwan Tita.  Apasanakan lawan sira Ken Angrok.

Atyanta den ing padha sih sihan tuwan Tita. Harep ta sira wihikana ring rupan ing aksara. Mara sira ring janggan ing Sagenggeng, hati smara jaka, ama aku winarahan sastra. Yata pinarahan sira ring rupaning sastra. Lawan panujun ing swara wyanjana sastra, sawreddhin ing aksara. Winarah ta sira ring rupa candra, kapegatan ing titimasa, lawan sasakala, sad-wara, panca-wara, sapta-wara, tri-wara, astha-wara, huku, bhisa sira Ken Angrok kalawan sira tuwan Tita, kalih sama winarahan den ing sastra.

Hana tatan manira janggan, upacara ring natar, wit ing jambu olih ira ananem. Atyanta den ipun awoh, tuhun ing atub anedheng. Piningit tan hanan ing wineh angundhuha. Nora-na wani ameta who ing jambu ika. Ling [6a] ira janggan: ‘Lakun rateng jambu ing kahundhuhen. Dahat den ira Ken Angrok kapingin tumon ing who ing jambu punika, pahaka citta who ing jambu ika.

Tekan ing ratri, masa sirep ing wong aturu, sira Ken Angrok sira aturu, mangkin ta lalawah metu saking wunwunan ira Ken Angrok. Adulur-dulur tan papegatan. Sawengi amangan woh ing jambu ika (nira) Janggan. Tumuli ring enjang, katinghalan agelar who ing jambu punika ring natar. Pinupu den ing pepedhek ira Janggan. Sira Janggan tumon ing woh ing jambu rusak agelar ing natar. Soka sira Janggan. Ling ira Janggan ri para jaka: ‘Paran sangkane rusak jambhu iku? ‘Sumahur pepedhek ira Janggan:’Pukulun rusak den ing tampak ing lalawah amangan jambhu puniki.’ Dadi sira Janggan angambil rwin ing panjalin nggen nira nerung jambhu punika. Tur de ra tu[7a]tunggu sawengi.

Sira Ken Angrok  malih aturu ring dalu kidul, asandhing kapungan alang-alang, ring pranah ira Janggan Kadhang amelik. Satinghal ira Janggan, mulat ing lalawah abebelaka dulur-dulur metu saking wuwunan ira Ken Angrok. Padha amangan who ing jambhu ira Janggan. Apeseh twas ira Janggan. Kawalahan anggetak  lawah akeh amangan jambhu nira. Srengan sira Janggan. Tinundung sira Ken Angrok, den ing Janggan. Akara Madhya ratri patundhung ira Janggan. Kaget sira Ken Angrok, kanuli metu. Aturu ring palang alangan ing jaba. Wineton den ira Janggan maring jaba katinghalan hana murub ing tengah ing alang alang. Kaget sira Janggan, amangidhepakena katunon. Pinariksa kang katon murub. Kapanggih sira Ken [7b]  Angrok kang murub ika. Tinanghi kinen mantuka, ingajak aturwa ing umah manih. Tutut sira Ken Angrok,  aturu ring patangahan manih. Enjang kinon angambila wohing jambhu den ira Janggan. Suka sira Ken Angrok. Ling ira: ‘Lah malar ingsun dadya wong. Ingsun anahura hutang ring sira Janggan’.

An sira Ken Angrok angwan kalawan sira tuwan Tita, agawe sira dukuh, kaprenah wetan ing Sagenggeng, tegal ing Sanja, pinaka nggen ira angadhang adhang wong umaliwat hawan. Lawan sira tuwan Tita rowang ira.

Hana ta wong amahat anor ing alas ing wong Mundhung, anak anak wadon ahayu milu maring alas. Teka ginamelan den ira Ken Angrok, rinowang sanggama ring alas. Yata ring Adhiyuga haran ing alas. Mangkin mresah sira Ken Angrok, wekasan sira anawan wong umalintang hawan.

Yata kawretta tekeng nagareng daha, den ira Ken Angrok karusuh. Yata [8a] ingilangaken sakeng Sagenggeng. Angungsi ta sira maring Rabut Gorontol, moggha ta kabebeng ing banyu kang alilangaken. Sot ita Ken Angrok: ‘Moggha ta banyu metuwa saking tan hana. Samangkana dadi kang tuwun, ta hana keweh ring Jawa,’ mangkana ling ira Ken Angrok.

Sah sira saking Rabut Gorontolan, angungsi ta sira maring Wayang, tegal ing Suka Manggala. Hana ta papikatan prit, irika ta sira anawala wong asedhahan manuk. Annuli sira maring Rabut Katu. Kapihanan sira tumon ing Ketu sawaringen ngenge. Irika nggen ira mput.

Angungsi [8b] ta sira ring Lulumbang. Angher ing wong amara depa, wijil ing wong anjuri, haran sira Gagak Inget. Kapwa lawas angher rika. Anawala wong umalintangan. Sah sira maring Kapundhungan. Amamaling sira ring pamalantenan. Kawruhan, kakepung binuru, binuru. Tan wruh ta paranan ira angungsi, amamanek ta sira ri wit ing tal. Ring pinggir ing kali, karahinan, kawruhan, yan amamanek ing tal, tinunggu den ing wong Kapundhungan ing sore, tinabuhan kajar. Tal punika winadhung dene kang amburu ring sira. Samangkana ta sira anangis, asambat ing kang ayasa dharma ring sira.

Bersambung ke bagian ketiga
 

KITAB PARARATON (1)

1b. Awignam asthu!
Nihan katuturan Ken Angrok, mulan ira duk dinadekaken. Hana anak I randhani Jiput, lumaku tan rahayu, amegat ing hapus. Pinaka pamancanan ing Hyang Sukma. Sira saking Jiput, ngungsi sira maring mandhaleng Bulalak, maran iran sang abatur ing Bulalak sira Mpu Tapawangkeng.

Agawe ghopuran ing asrama, pinalampahan wedhus bang sapalaki den ing Hyangning Lawang. Ling ira Tapawangkeng: Nora olih ira pengingan, dadi agawya papa pathakan ing awak. Yan amati-mati janma, norana ta amutusakena pamalaku-caru wedhus bang ika.  Dadi ta sang amegati ing hapus, angling asanggup maka caruwan ing lawang nira Mpu Tapawangkeng. Satya ta sira asanggup maka caru, marggan ira muliha maring Wisnu Bhawana, tumitisa maring [2a] wibhawa janma, mareng Madhya pada mwah. Mangkana pamalaku nira.

Irika tandhwa kinastwan tumirisa den ira Mpu Tapawangkeng, tinut ira  sakening kapralinan ira. Amuktya pitung-mandhala. Ri huwus ira pralina, irika caru den ira Mpu Tapawangkeng. Telas irang mangkana, mur sang pinaka caru. Tan linyok ing rasan ing sangketan ira pinaka caru.  Alaku titisakena ring wetan ing Kawi, sira Bhatara Brahma sira-ngiling hilingi, rowangan ira yugga. Huwus ing mangkana, ana ta wong apanganten anyar, sedhang akuren-asih. Lanang ngaran Si Gajah Para. Wadon haran sira Ken Endhok. Maring sawah sira Ken Endhok angirimi laki haran Gajah Para, haran I sawah nggen ing angirim ring ayugga. Pradepan ira Ken Endhok haran Pungkur.

Tumurun irika Bhatara Brahma, asanggama lawan Ken Endhok. Nggon [2b] ira yugga ring Lalateng, angenaken stri  samaya sira Bhatara Brahma: ,Ayo kita sanggama lawan lakinta mwah. Yan ko sanggama lawan lakinta manih kacacampuran maneyuga mami iku. Harane yugga iku , Ken Endhok. Iku tembe kang amuter bhumi Jawa’. Muksa sira Bhatara Brahma.

Sira Ken Endhok angungsi maring sawah. Katemu sira Gajah Para. Ling ira Ken Endhok: ‘Kaki Gajah Para. Wruhan ira yen ingsun rinowanga sanggama den ira Hyang tan katingahalan ring tegal ing Lalateng. Wekas ira ring ingsun, ayo ta turu lawan lakinta mwah mwah, pati lakinta yan amaksakena aturu lawan kita. Kalawan ta cacampuran yugan ing wong iku’.

Tumuli mulih sira Gajah Para. Wekas ring umah, den ajaka turu sira Ken [3a] Endhok, harep den rowanga sanggama manih. Alumuh nira Ken Endhok ring Gajah Para.  Herang gajah Para: ‘Pegat ingsun ahomah kalawan sira. Awedhi ingsun ing pangucap Sanghyang tan paweh yan atomwa manih lawan sira’. Ling ira Gajah Para: ‘Nini, mugapa sun kapakena suka isun, yan apa pegatana lawan sira. Den rena reni wong saking sira den mulih nini maring sira. Pomah sawah ingsun. Sadruwen ingsun, den mulih malih maring ingsun.

[3a]Tumuli huwus ing mangkana, Ken Endhok umulih maring Pangkur, sabrang lor. Sira Gajah Para maler ing campara, sabrang kidul.

Durung genep sapasar, mati sira Gajah Para. Surak ing wong angucap [3] ka makara panase rare jro weteng iku. During pira papegatane ramane lanang wadon, tur wong atuwane lanang mati.

Wekasan huwus genep lek ing rare, metu lanang binuncal ing pabajangan den ira Endhok. Dadi hana wong amamaling, haran sira Lembong. Kasasar ing pabajangan, tuminghal I murub. Pinaran den ira Lembong, amiresep rare anangis. Pinarekan den ira Lembong. Singgih kang murub rare anangis ika. Sinambut ingemban binakta mulih, den aku weak.

Angrunghu sira Ken Endhok, yen sira Lembong angaku aweka ri rowange ki Lembong. Kang awretta nangguh rare ike maha manggih ring pamajangan. Katon [4a] murub ing ratri. Tumuli pinaran den ira Ken Endhok: ‘Singgih sira nak ira.’ Kecap ira Ken Endhok: ‘Kaki Lembong, manawi sira tan sapeksa ring rareki den ira panggih iku. Anak ingsun puniku kaki. Ahyun sira kaki wikena purwwaken ipun? Antuk ira Bhatara Brahma asanggama kalawan ingsun piniku. Ayo tan pamule sira ring rare puniku. Upama ababu kakalih, abapa tunggal saman ipun rare puniku.’

Mangkin sangsaya asih sira Lembong sasomah resep, wekasan atuha sakalawon lawon. Binakta mamaling den ira Lembong. Awayah sapangengon sira Ken Angrok, angher ing Pangkur. Telas pomah omah sira ken Endhok, mwah samomah omah ira Lembong, henti tinotohaken de ra Ken Angrok.

Wekasan sira angon ngon ing sira mandhala Lebak, ya ngon kebo sa [4b] pasang. Alama hilang mahisa kang den angon ika, ingajan den ira mandhala, wwlong iyu ring sapasang. Inguman uman sira Ken Angrok den I rama rena kalih: ‘lah kaki ingsun anunggonane kalih, lamun sira aja lungha. Ingsun uga nunggonaaring sira mandala ring Lebak’.

Wekasan lungha sira Ken Angrok, kari sira raman ira kalih ring Campara. Tumuli sira Ken Angrok angungsi prenah ing angher; wonten ta bobotoh sasiji saking Karuman haran sira Bango Samparan. Alah atotohan, den ira salandhang ing Karuman. Tinagih tan pangemasi. 

Bersambung ke bagian kedua